AmburadulJowo,
Nguri-uri Budoyo
Wengi iki salah sawijining wengi kang nyenengake. Atiku bungah banget. Sakjane ki yo ora ono kedadean kang cetho welo-welo gawe aku seneng. Tapi yo seneng wae amargo akeh wong sing jaluk tulung marang aku. Ugo ono konco-konco sing curhat karo aku.
Atiku bungah nalikane dijaluki tulung lan dicurhati. Mergane aku ngroso banget yen aku ki dianggep ono, ijih dibutuhke. Aku ngroso yen aku ugo isih iso dipercoyo dening konco2ku, dening liyan. Kui wes luwih seko cukup nggo gawe ati seneng. Rasah angel2. Aku dewe asline milih2 banget konco sing iso tak curhati. Rak sembarangan wong. Sakmestine.
Ning yo kui, kenopo sih yo, kok akeh2e bocah wadon to sing podo curhat ning aku. Yo pancen sih, rodo aneh yen curhat2an karo bocah lanang. Aku dadi kelingan ning film opo kae mbuh lali, ono emak2 sing ngendika:
Persahabatan antara cowo dan cewe itu omong kosong.
Tak mungkin tak ada perasaan yang dilibatkan...
Nanging nyatane aku tekan saiki ijik iso kekancan karo salah sawijining bocah wadon tanpo roso tresno.. Yo pancen, aku pernah kekancan lan terus naksir. Tapi tak kiro kui yo lumrah. Hloo kok dadi mengkene. Jebul emak2 mau ono benere. Nggapleki tenan. Lha terus piye?
Jarang2 sih pancen kasuse, terutama kasusku dewe... Paling cuma sepisan pindo saka atusan percobaan. Tapi masalahe aku pernah gagal ning kene, aku pernah nresnani kancaku dewe, tapi njuk mbuh piye ceritane malah dadi ra kekancan meneh. Lan kui rasanya ora penak blas. Huahahaa. Tapi yo ben kui dadi cerito uripku wae. Manah ki kan emang ora kon milih tapi dipilih. Mbuh sopo mbesok sing bakal ngiseni atiku iki. Sing mesti, aku percoyo, balungku sing ilang bakal tak temo'ake lan ora bakalan ketuker karo duweke liyan. Sipp!

